Dongeng Sang Kancil nan cerdik yang kerap kita dengar waktu kecil nyatanya memang dongeng fabel Nusantara, dari versi Melayu hingga versi Jawa, tokoh fabel satu ini tersedia. Nah, untuk kali ini Arsip Budaya Nusantara akan menyajikan dongeng Sang Kancil versi tembang Jawa. Semoga bermanfaaat....
DHANDHANGGULA
Kababar dongeng nama sang kancil,
Dipun beber dadya wujud wayang,
Dimen gampang caritane,
Tur cetha yen kadulu,
Dadya budaya kang lestari,
Pancen iku pranyata,
Kinarya sesuluh,
Hangiseni pembangunan,
Pepaking kabudayan ing tanah jawi,
Sarta ing Nuswantara.
Pra sedulur mangga majeng sami,
Sun dongengi sabangsaning sato,
Akeh banget pigunane,
Kena kanggo pitutur,
Bisa gawe sengseming ati,
Marang putra lan wayah,
Sarana panuntun,
Lestarining kabudayan,
Sartaning lingkungan kita sami,
Anjaga sato wana.
DHANDHANGGULA
Risang kancil sato ingkang wegig,
Bisa uwal sakehing bebaya,
Remen tetulung rowange,
Kanthi akal kang luhur,
Sanadyan ta wujude cilik,
Srana ati tatag,
Teteg teguh tangguh,
Agawe leganing rowang,
Nadyan gedhe galak kabeh den adhepi,
Among sarana akal.
Precaya’wa mring dhiri pribadi,
Nora gampang kena ing paeka,
Waton eling ing wajibe,
Contone kancil iku,
Sanadyan ringkih tur’ta alit,
Ananging tanggung jawab,
Myang sakehing pakewuh,
Datan ajrih ing bebaya,
Akalipun kinarya gegaman sakti,
Nyata kancil sembada.
Risang kancil mlebu wanadri,
Angenggar-enggar senenging nala,
Anjujug pinggiring lepen,
Nulya sinambi nginum,
Datan nyana wonten bilahi,
Kancil nulya anjola,
Jebul ana bajul,
Jumedhul saking jro toya,
Gidrah-gidrah arsa nyarap mring sang Kancil,
Tutuknya pindha guwa.
Sang kancil tan mobah datan mosik,
Amung andomblong ngupadi akal,
Mrih bisa slamet awake,
Bajul nedya den etung,
Kalumpatan mbangka sawiji,
Mumbul-mumbul trus mlajar,
Kanthi mesem ngguyu,
Bajul kraos yen kapusan,
Kabeh nesu kanthi rasa sedhih,
Nulya ambles ing toya.
PANGKUR
Kene padha maju kanca,
Ingsun bakal ndongeng isi wanadri,
Crita kancil aranipun,
Nyata banget piguna,
Kena kanggo patuladhan lan panglipur,
Uga kanggo pendhidhikan,
Yen wus purna dionceki.
Aku bakal ndongeng kewan,
Dha gatekna sing nganthi apremati,
Risang kancil lakonipun,
Wiwit kuna wus ana,
Ing isine okeh ngewrat ngelmu luhur,
Mula padha wigatekna,
Aja nganti padha lali.
SINOM
Lah ta kabeh pidhangetna,
Enggal padha cerak mami,
Dimen krungu nggonku omong,
Jalaran critane becik,
Akeh kang migunani,
Ra-orane bakal getun,
Sun buka crita kewan,
Branjangan ngideri pari,
Tansah mabur ing jagading dedongengan.
KINANTHI
Nalika sang kancil mlaku,
Nulya mlebu ing wanadri,
Kraos ayem sarta suka,
Antuk papan klawan margi,
Luwar dening sambekala,
Trus wening wenganing pambudi.
Nyata kancil kang pinunjul,
Aranipun rising kancil,
Dhasar becik yen sinawang,
Gawe sengsem kang ningali,
Lagya thethenguk ing marga,
Kanthi ngenam-enam ati.
Kewan sanes samya bingung,
Sawusnya pinanggih kancil,
Nulya sami kraos ledjar,
Kancil nyata bisa njagi,
Kabeh isen-isen wana,
Dadya kabayan sang Kancil.
PUCUNG
Kancil iku kewan cilik kang pinunjul,
Sinuyudan rowang,
Sung tetulung mring pra dasih,
Nadyan alit tur ta sugih ing kagunan.
Sugih akal datan ana kang kalimput,
Kabeh wus katata,
Tanpa luput tur satiti,
Yen dinulu Sang Kancil nyata prasaja.
***
Tembang di atas adalah milik : Ki Ledjar Subroto, Ngayogjakarta, 1985